Categories
Uncategorized

Wong Jawa Ana Arkansaw

aku lombok wae ojo mrico,
wegah roti ra mareki
olehku ngomong yo kaya uwong liya
wong jawa ana arkansaw

yen pas mlaku sore ning Dickson Str.
kadang sik sering batik-an
batik tekan pekalongan
jawa nanging ing arkansaw

aku wong manca,
wong liya nanging mulya
wong jawa ana arkansaw

aku wong manca,
wong liya nanging mulya
jawa nanging ing arkansaw

yen “Ajining diri saka lati”
aku iso ra duwe aji
kudu tetep mesem masi dirasani
lha jawa yo pancet jawa

tetep sungkan-sinungkan malah dadi rasan-rasan
iso-iso ganok tunggale papan kene
salaman ndipih-ndipih nggarai liyan heran
ndunyane seje tapi banjur piye?

Tentu saja versi terjemahan brutal dan sadis dari “Englishman in New York” karya Entup, maksud saya Sting. 🙂

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *