Candu

Salah sijine keuntungane maca buku tentang cara nulis yaiku nggarai kene mara-mara ngerasa isa nulis (sampean perhatekne tembung “ngerasa” iku ya, dulur?). Misale, aku tas ae maca bab sing judule “ukara sing fokus pol.” Ndik bab iku, ana beberapa cara sing nek dilakoni bakal nggawe tulisane kene fokus. Salah sijine contoh: sampean usahakno, sak iso-isone, nek nulis ukara iku “jejer-e” (subyek-e) manungsa. Lha, utawa, nek ancene kene kepeksa nggawe jejer sing abstrak, dudu manungsa, terusno ukara mau karo contoh-contoh sing mengandung manungsa. Nek sampean ngelakoni iku, tulisan sampean bakal luwih jelas. Nah, mari maca sing ngana iku, aku palih langsung pingin ngedit kabeh tulisanku sing lawas-lawas, sing “jejer”-e duduk manungsa.

Mungkin kaya ngana iku sing diarani candu. Buku nulis iku biasane berpotensi nggarai wong sing maca mara-mara ngrasa iso nulis kaya Yusi Pareanom. Padal ya, nek dipenthelengi temenan, asline sing nggarai iso nulis kaya Yusi Pareanom iku usaha ngelakoni, ngelatih, mraktekne apa sing diajarne buku-buku nulis maeng.

Lhak iya ta, dulur?

Written By

More From Author

(Terjemahan Cerpen) Mereka Terbuat dari Daging karya Terry Bisson

“Mereka terbuat dari daging.” “Daging?” “Daging. Mereka terbuat dari daging.” “Daging?” “Tak diragukan lagi. Kami…

Thank You, Dua Satu! Let’s Go Loro Loro!

Beberapa menit lagi 2021 sudah usai dan saya perlu menuliskan satu catatan kecil biar seperti…

(Resensi) Puser Bumi oleh Mas Gampang Prawoto

Berikut resensi terakhir dalam seri tujuh hari resensi. Kali ini kita ngobrol soal buku puisi…

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *